Sabtu, 18 Januari 2020

TONTONAN BUDAYA JAWA


Tontonan Budaya Jawa

        Tontonan wayang kang padatan sinebut pagelaran,mujudaken kombinasi harmonis saking maneka unsur kesenian. Unsur kasebut ing antarane unsur barang lan manungso.Kang kalebu unsur barang yaiku ubarampe sarta sarana kang digunakake ing pagelaran wayang kulit (wayang kang kagawe saka kulit lembu,kelir debog seperangkat gamelan ,keprak ,kepyak kotak wayang ,cempolo lan blencong).Dene unsur manungso yaiku pawongan kang nyengkuyung gumelare seni pagelaran wayang kulit (dalang ,penyimping, wong,kethoprak ,ludruk,jaranan,lan tayub .Senajan jaman saya maju lan pertunjukan seni modern sansaya akeh,ananging pagelaran-pagelaran seni budaya Jawa kasebut isih ngrembaka tumekane saiki.

A.   Ngrembug teks eksposisi Babagan tontonan

         Eksposisi mujudake sawijining teks kang medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya pamaos oleh informasi kang genep sebanjure bisa ngrembakake pangertene sing maca .Bab kang diandhrake ing teks eksposisi bisa awujud :
1. Dhata faktual,yaiku sawijining kahanan kang nyata ana ,lan bisa dicritakake kanthi cetha.
2. Sawijining analisis Utawa penafsiran objektif sawijing fakta.
3  Fakta ngenani pawongan kang ghondelan kenceng marang sawijining keyakinan

B.   Titikane teks eksposisi yaiku:

1. Ngandhare panemu utawa gagasan,
2. Nunduhake kahanan sanyatane,
3. Nggunakake analisis lan sintesis,
4. Sumber ide bisa saka pengalaman ,sikap ,utawa keyakinan.

 C. Struktur teks eksposisi

1. Tesis (pembuka) isone panemu saka panyerat ngenani prekara kang arep dianharake,
2. Argumentasi (isi) andharan dikantheni bukti,alesan,saka panemu kang wis
    diandharake ing perangan tesis,
3. Panutup Utawa penegasan ulang kang isine nguwatake maneh argumen adhedhasar
    bukti kang wis dhiandharake ing perangan argumentasi.

D.Nulis Teks Eksposisi

    Urutan  carane gawe teks eksposisi yaiku:
   1.Nemtokake undheraning perkara
   2.Nemtokake  ancas utawa tujuan
   3.Ngumpulke dhata saka maneka sumber
   4.Gawe cengkorongan
   5.Ngrembake cengkorongan dadi teks eksposisi

E. TULADHANE TEKS EKSPOSIS

Eksposisi Definisi

Timun suri nduwèni jeneng latin cucumis sativus iku kalebu varietas tanduran cucumber.  Timun suri iku, woh kang ngandhut akéh banyu lan ngandhut serat lan akeh provitamin A.  Timun suri biyasané akéh dituku nalika sasi pasa. Timun suri bentuké lonjong lan dawané kurang luwih 20 cm-25 cm lan dhiameter 10 cm-15 cm.   Nandur timun suri padha kaya nandur timun ananging beda kaya semangka lan melon kang mbutuhaké akéh pupuk lan banyu.  Nandur timun suri ora perlu akéh banyu.  Sawisé wiji thukuk lan nduwèni godhong kang dawané 10 cm, cukup disiram nalika esok lan sore.  Wit timun suri iku kalebu pala kasimpar awit mrambat.  Ukuran won timun suri kurang luwih padha kaya kates Bangkok lan abote tekan limang kilogram.  Timun suri bisa woh nalika umuré rong sasi.   Timun suri migunani tumprap kasehatan awak amarga timun suri ngandhut akeh vitamin A.  Saliyané iku timun suri bisa nglawan penyakit.  Woh timun suri uga bisa nyehataké ginjel lan limpa.  Timun suri uga bisa dadi obat tekanan darah tinggi.  Timun suri kang mateng bisa dititeni saka kulité.  Timun suri biyasane digawe es lan dicampur karo sirup lan es.  Saliyané iku, timun suri bisa digawe sop buah kayata blewah, melon, alpukat lan liya-liyané.

Eksposisi Proses

Gawè nopia isih nganggo cara kang tradisional.  Kanggo gawè kulit yaiku glepung trigu dicampur banyu banjur diaduk-aduk nganti dadi adonan.  Adonan iku mau banjur digawe bunder-bunder gedhènè sak jempol-jempol.Sakwisè kuwi banjur bunderan mau diisi nganggo gula jawa kang wis diremuk.  Sakwisè dadi banjur dioven nganti tekan mateng.

Eksposisi Laporan

Sejatine, ora mung ITS sing nawarake umah instan sehat kanggo Aceh utawa lewih populer kaliyan Rumah ITS kanggo Aceh (RI-A). Pusat Penelitian lan Pengembangan Pemukiman Departemen Pekerjaan Umum uga nawarake “Risha” alias Rumah Instan Sederhana Sehat. Modele meh  kembar, gampang dibongkar-pasang, malah motone “Pagi Pesan, Sore Hunu”. Bedani yaiku, sistem struktur lan konstruksi Risha bisa digawe bentuk panggung. Regane Raisha watek sethithik luwih larang, Rp 20 juta kanggo tipe 36. Tapi, umure bisa nganti 50 taun amarga komponen struktur nganggo beton sing bertulang, ditambah pelat baja nang sambungane. Kekuatane marang gempa uwis diuji nang laboratorium nganti zona ke nenem.

Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA /SMK/MA
MATUR NUWUN

PANGANAN TRADHISIONAL JAWA


Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tartamtu. Saben dhaerah biasane suwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata coto lan konro ing Makasar, rendhang ing Padang, lan sapanunggalane.

A. Maca lan nanggepi teks

Tumpeng

                                             

                                                   

        Tumpeng iku cara nyuguhake sega lan lawuh jroning wangun lucu, amarga saka kuwi banjur diarani sega tumpeng. Oalahan sega sing dianggo umume arupa sega kuning, senadyan karep uga digunakake sega putih biasa utawa sega uduk. Umume tumpeng disuguhake ing tampah kang arupa nampan gedhe, bunder, saka anyaman pring. Tampahe dilemeki godhong gedhang lan sega tumpenge dipanggonake ing tengah, diubengi lawuh lan janganan.


B. Nemokake nilai-nilai kang kaemot ing teks

       Babagan kang kudu digatekake yaiku :

a. Tumpeng wujude lancip kang umume saka sega kuning utawa sega putih
b. Tumpeng biasane kanggo upacara tradhisional kang sipate seneng utawa sedhih
c. Tumpeng minangka simbol keslametan, kesuburan, lan kasejahteraan
d. Tumpeng kang lincip nggambarake kemakmuran sing langgeng sarta pangarep-arep supaya urip munggah lan ndhuwur


C. Mbedhah isine teks
       
Jadah


        Saka jenenge jadah manten bisa ngemu teges jajanan sing padatan didadekake barang gawan kanggo penganten. Pancen jadah minangka barang gawan penganten kakung nalika badhe pinanggih penganten putri. Jajanan iki didadekake barang gawan amarga ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket kaya sipat jajanan jadah kasebut.
        Jadah uga minangka jajanan sing kudu ana ing acara tedhak siten. Maya kang wis dimangerteni, tedhak siten minangka wujud rasa syukur nalika putrane wis ngancik umur pitung sasi. Gegayutan karo angka pitu kasebut mula jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku : abang,, putih, ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu, babagan kasebut ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile nepak kapisan ing donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa urip kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati. Jadah pitu ditata wiwit saka werna peteng banjur padhang, iki nggambarake menawa prekara sing bakal dilakoni putra-putri kasebut wiwit saka prekara sing abot tumekaning prekara sing entheng, ateges uga sanajan abot prekarane meathi bisa karampungake.

Isine teks ing ndhuwur, yaiku :
·       jadah minangka jajanan kang padatan didadekake barang gawan kanggo penganten
·         jadah ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket
·       jadah uga minangka jajanan kang padatan ana ing acara tedhak siten
·       jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang, putih, ireng, biru, jingga, lan ungu
·        jadah werna pitu ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra putri wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa

 Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

MATUR NUWUN



CRITA CEKAK


 A.  PANGERTOSAN CRITA CEKAK

Cerkak iku cekakan saka crita cekak. Diarani crita cekak amarga critane pancen cekak. Ora mung marga wujude kang cerkak ( 2-5 kaca ) , nanging crita utawa lakon kang diandharake ya cekak. Umume wektu kang dibutuhake kanggo moco cerkak iku mung sedhela wae

 B.   MACA  LAN NANGGAPI ISINE CRITA CEKAK LAN NITENI PERANGANE

Crita cekak iku karangan utawa riptan kang sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni , bisa uga murni saka kayalan utawa rekane pangripta / pengarange wae. Sanajan mangkono , perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita cekak adhakane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur instrinsik, yaiku :

1.    Tema kang nyangkup underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik.
2.    Paraga ( tokoh ) lan watake paraga ( penokohan ). Tokoh lan penokohan iku geayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak iku genep karo watake , kayat : sabar , wicaksana , galak , judhes , lan sapanunggale
3.    Alur/plot yaiku , yaiku gegayutan karo kepiye lakune alure lumrah/normal/maju utawa alur mundur.
4.    Point of view , kepiya pangriptane anggone nyeritakake
5.    Seting , kapang lan papan kedadeane crita kasebut
6.    Amanat , wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca

 C.   NEMOKAKE TUNTUNAN ING TEKS CRITA CEKAK

amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pangripta/pangarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik , upamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa , tresna budaya , lan sapanunggale. Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius) , setya marang negara (patriotisme) , pendidikan , kabudayaan lan sapanunggale

 D.  NULIS SINOPSIS CRTIA CEKAK NGGUNAKAKE RAGAM BASA KANG JUMBUH

Sinospsi iku ringkesan isine crita , kalebu crita cekak. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo basa ing crita. Sing baku, nalika nulis sinopsis paraga , watak , wose (intine) , crita ora kena bedo karo sumbere , yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono , urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Gampange rembug , sinopsis iku padha nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.

 E.   NALITI SINOPSIS CRITA CEKAK GEGAYUTAN KARO JUMBUHE KONTEKS LAN PRANATAN

Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha bebarengan bijen-bijenan sinopsis garapane. Kegiyatan kaya ngene iki umume diarani njlimeti utawa menyuting. Ing kegiatan njlimeti iki kang /disunting bisa aksarane , rutute ukara , utawa tandha wacane. Perkara telu iku mau upamaa ana kang keliru ya dibenerake perangan kang kurang ditambahi , lan perangan kang keladuk ya kudu disuda. Isine crita ora perlu dibenerkake , amarga iku hake panganggit/pengarang kang sipate merdika (bebas) mekarake gagasan. Kemrdikan sajrone ngudhal gagasan iku , ing jagade kasusastran diarani lisensia poetika

 F.    TULADHANE CRITA CEKAK

Lingkungan Resik.

           Adzan subuh wis muni, lan aku langsung tangi. Sakwise shalat subuh, aku banjur ganti klambi lan lanjut olahraga esuk. Mau mbengi ning desaku udan deres banget, mula esuk iki udarane katon adem nangin nentremake ati, ditambah ora ono polusi udara, nambah atiku saya bungah.
           Saklawise olahraga, jam 6 esuk aku banjur bali. Amarga dina iki dina minggu, aku lan kanca-kancaku banjur pit-pitan ngubengi kota. Rutinitas ing kotaku saben dina minggu  mesti ana dina bebas kendaraan bermotor, namung pit lan kendaraan anti bermotor sing oleh digunakake. Rutinitas iki nduweni tujuan kanggo ngirangi polusi udara sing iso ndatangake penyakit.
           Jam 8 esuk aku lan kanca-kancaku banjur bali. Ora sengaja ing dalan weruh bapak-bapak lagi kerja baktu ngresiki desa, aku lan kanca-kancaku banjur melu tetulung kerja bakti ngresiki sampah sing nyumbat selokan. Sakliyane iku, kerja bakti dina minggu iki kaliyan nandur wit-witan ijo, supaya ndesaku tambah katon ijo royo, ora keno banjir, lan tambah asri.


Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA





- MATUR NUWUN -

CRITA RAKYAT



 A. PANGERTOSAN CRITA RAKYAT

          Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen lan sapiturute. Tumraping bocah bocah , crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti , amarga budi pekerti luhur tumrap bocah bocah.

B. TITIKANE CRITA RAKYAT

1. Panyebarane kanthi lesan,
2. Duweni sipat tradhisional,
3. Sugih cakrik lan variasi,
4. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit), lan
5. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.

C. UNSUR INTRINSIK CRITA RAKYAT

1. Tema , yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
2. Latar/ setting , yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan kan sosial budaya.
3. Paraga ,yaiku  paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka tumindake , ciri isike,lingkungane lan sapanunggale.
4. alur ( plot ) yaiku rerangkening prastawa ing sjroning crita
5. Amanat , yaiku pesen kang ana ing crita.
6. Sudut pandang , yaiku nyritakake tokoh, barang, kan sapanunggale.

D. WUJUDE CRITA RAKYAT MITURUT WILLIAM R.BASCOM

1. Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Roro Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.

2. Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, blyasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale. Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang , rara jonggrang , sumur jalatundha lan sapanunggale.

3. Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.

E. MUPANGATE CRITA RAKYAT

a. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem , seneng uga menehi hiburan
b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita
c. Mupangat estetis yaiku menehi nilai0nilai kaendahan
d. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai nilai moral kang dhuwur sengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik
e. Mupangat relegiusitas yaiku ngem ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca



F. SINOPSIS
           Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak, nanging bisa njlentrehake crita sakabehane. Nalika bakal nulis sinopsis Bab-bab kang kudu digatekake yaiku :
1. Tema , yaiku gagasan pokok utawa pokok cerita
2. Latar , yaiku papan kan wektu dumadine prastawa
3. Alur , lakuning crita.
4. Penokohan , paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise


G. TULADHA CRITA RAKYAT LEGENDA RAWA PENING
                              






Ing Kabupaten Semarang, Kecamatan Ambarawa wonten dhusun naminipun Dhusun Ngasem. Ing Dhusun Ngasem kacariyos wonten satunggal padhepokan ingkang kondhang. Sedanten puthut lan endhang, sebatan damel murid jaler lan estri remen manahipun amargi pikantuk tuladha sae saking guru ingkang gadah asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar punika kagungan budi ingkang wicaksana. Dene muridipun ingkang ayu lan elok ingkang naminipun Ni Endhang Ariwulan. 

Ing Satunggaling dinten, Ni Endhang bingung madosi peso ingkang biyasa damel nyigar pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen ing wayah dalu. Kanthi kapeksa, Ni Endhang matur dhumateng Ki Hajar supados kersa ngampili pesonipun Ki Hajar. Pesonipun wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti kedah ngatos-atos lan ampun ngantos pesonipun keselehaken ing pangkon, amargi wekdalipun nggih sampun mepet. 


Nanging akhire Ni Endhang kesupen. Peso wau kaselehaken wonten pangkonipun. Sanalika niku peso ical saking dhewekipun. Tumuli Ni Endhang ngadhep dhateng Ki Hajar rumaos lepat, nanging ingkang dipunlapuri, Ki Hajar, boten duka.

Sawetawis dinten, Dhusun Ngasem geger, amarga Ni Endhang nggarbeni. Ki Hajar Salokantara tumuli dhawuh Ni Endhang banjur ngadhep. Ki Hajar Salokantara badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi piranti awujud klinthingan utawi gentha ingkang badhe migunani damel jabang bayi.

Boten dangu jabang bayi lair. Polahipun kados jabang bayi kang sanes, dheweke saged ngucap lan nangis, nanging wujudipun naga. Senajanta awujud naga, jabang bayi wau taseh tetep dipunopeni ngantos dewasa kanthi asih tresna. Warga ingkang anggenipun ngawon-awon boten telas-telas nalika sumerep naga menika.

Nalikane sampun dewasa, ing satunggaling dinten naga wau nyuwun priksa dhateng Ni Endhang Ariwulan, sinten bapakipun sejatosipun. Banjur Ni Endhang maringi priksa sejatosipun bapakipun menika Ki Hajar ingkang saweg tapa brata wonten Redi Telamaya. 


Naga wau lajeng nusul ing Telamaya klawan mbeta klinthingan. Saking katebihan Ni Endhang ngetutaken. Naga wau sampun medal lepen ingkang dawa, banjur dheweke leren wonten ngandhap selo, samenika dipunwastani "Selo Sisik" lan nerasaken lampah ngambah rawa, salajengipun naga wau liwat Kaligung, banjur leren malih wonten satunggaling selo ingkang nami "Sela Gombak".

Naga wau ngginakaken klinthinganipun. Ingkang sami sumerep lan mireng klinthinganipun naga ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthing 6 utawi Baru Klinthingan.
Saking dinten, wulan lan taun sampun dipunlangkungi, Baru Klinthing dereng saged manggihaken panggenanipun Ki hajar Salokantara. Malah samenika kendha boten gadhah aya. Nanging saking katebihan mireng kidung lamat-lamat kados kidungipun Ni Endhang Ariwulan.

Ni Endhang ngetutaken Baru Klinthing saking ketebihan, dhewekesampun manggihaken papanipun Ki Hajar Salokantara, banjur manggenipun wonten Sepakung. Ni Endhang mapan wonten cerak sendhang. Lajeng sendhang menika kasebat nami Sendhang Ari Wulana.
Naga sampun dugi ing pertapan Telamaya, lajeng manthuk-manthuk ngormati Ki Hajar ing sangajengipun, Ki Hajar Salokantara kaget nalikane pirsa. Ki Hajar sampun mangertosi menawi naga ing sangajengipun kalawau naga ingkang nggadahi manah ingkang becik. Lajeng, naga kalawau matur dhateng Ki Hajar. Ki Hajar Salokantara saya kaget, boten nginten menawi naga kalawau saged ngucap.

Lajeng naga nyuwun pirsa Ki Hajar, menapa leres menika pertapanipun Ki Hajar Salokantara, dhusun Telamaya. Ki hajar tumuli ngleresaken. Baru Klinthing ngraosaken bingah. Baru Klnthing lajeng matur menawi Ki hajar Salokantara punika tiyang sepuhipun ingkang sampun dangu sanget dipunpadosi. Boten kesupen dheweke lajeng sujud maring Ki Hajar. Nanging Ki Hajar dereng pitados saestu, pramila lajeng Baru Klinthing dipunparingi pitakenan, saking pundi papan dumuginipun lan sinten ibunipun. Baru Klinthing mangsuli menawi papan dumuginipun saking Dhusun Ngasem lan ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan, Boten kesupen Baru Klinthing tumuli nedahaken klinthingan tilaranipun saking Ki hajar Salokantara. 


Ki Hajar Salokantara dhawuh menawi klinthinganipun menika dereng cekap, amargi ing donya boten wonten ingkang gampil, nanging kedah wonten panebusanipu lan kedah wonten lelabetan. Supados saged Baru Klinthing dipunanggep putranipun Ki hajar Salokantara, dhewekipun kedah nglampahi laku tarak brata. Laku tarak brata nggih punika mlungkeri Gunung Kendhil ngantos tepung galang. Ki hajar ngetutaken saking wingking tanpa dipun mangertosi Baru Klinthing. Lajeng Baru klinthing mlungkeri Gunung Kendhil, nanging buntut lan sirahipun boten tempuk, namung kirang sakilan. Nanging pungkasanipun Baru Klinthing nyambung ngangge ilatipun. Lajeng Ki Hajar medal mlumpat banjur mungkes ilatipun Baru Klinthing.

Senajan Baru Klinthing kelaran sanget, nanging lajeng lerem manahipun. Ki Hajar Salokantara maringi priksa menawi kekirangan kalawau boten saged dipuntutupi ngangge ilat, amargi pusaka ingkang ampuh boten wonten tandhingipun menika ilat. "Ilat iku jembare mung sawelat, nanging darbe khasiyat. Nalika pinuju-nuju prana, bisa amemikat, nalika tan pener, bisa gawe getering jagad", pratelane Ki hajar Salokantara.

Lajeng Baru Klinthing nerasaken tarak brata lan pusaka ingkang awujud tombak Kyai Baru Klinthing 7 kedamel saking ilatipun Baru Klinthing.

Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun Baru Klinthing ingkang mlukeri redi sampun boten ketingal. Ingkang ketingal namung suket lan wit-witan ingkang ageng ing wana. Ki Hajar lajeng manggihi Ni Endhang, maringi priksa supados Ni Endhang mapakaken putranipun Baru Klinthing ing Dhusun Pathok menika kanthi laku ngrame.Pathok dhusun ingkang gemah ripah loh jinawi, nanging warganipun boten gadhah raos syukur.

Wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken pista panen raya. Salah satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge campuran susur, anggenipun mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng sanget. Jebul kajeng wau badanipun naga ingkang nama Baru Klinthing. TAMAT



Sumber :

  Gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas XI/SMA/SMK/MA  




-         MATUR NUWUN -

Jumat, 17 Januari 2020


GAMELAN


Hasil gambar untuk gambar gamelan




Gamelan iku mujudake piranti musik jawa padatan kanggo pangiring tembang. Tumrape wong urip , gamelan kena kanggo niteni wewetekane menungsa. Karepe , bisa kanggo nodhi utawa nguji kepiye rasa pangrasane manungsa mau nalika ngrasakake swarana gamelan. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku tetabuhan musik jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu lagu utawa tembang – tembang jawa kang umume diarani gendhing.

Ricikan utawa jeneng jeneng gamelan iku ukara ana 15 werna , kayata:
1. bonang panerus
2. bonang barung
3. kempul lan gong
4. kenong
5. slenthem
6. gender panerus
7. gender barung
8. demung
9. saron panerus
10. saron barung 1
11. saron barung 2
12. gembang
13. kethuk lan kempyang
14. rebab
15. serta kendhang 

Gamelan iku dumadi saka piranti werna – werna nanging tetep nyawiji. Sanajan cacahe akeh nanging yen diunekake bareng bisa nuwuhake ras kang endah jalaran dilaras kanthi premati lan ditata kanthi becik. Murih endahe irama , larase gamelan dibedakake dadi 2 werna , yaiku laras slendro lan laras pelog.

          Laras slendro nyakup titilaras 1, 2 , 3 , 4 , 5 , 6 , dene laras pelog isine titilaras 1 , 2 , 3 , 4 , 5 , 6 , 7 . laras slendro lan pelog kabedekake maneh jinise. Sarana knggo mbedakake jinis uku jenenge pathet. Pathet digunakake minangka tenger kang bisa nuduhake titilaras kang digunakake. Upama dipadhakake karo solmisasi , pathet iku pada karo nada dasar. Patheth ing laras slendro ana pathet 5 , pathet 6 lan pathet manyura. Dene ing pathet laras pelog ana pathet 6 lan pathet barang. Kabeh mau nuduhake menawa sanajan wujude werna werna nanging ora ngilangi sipate kang nyawiji.



sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA

MATUR NUWUN


TONTONAN BUDAYA JAWA

Tontonan Budaya Jawa         Tontonan wayang kang padatan sinebut pagelaran,mujudaken kombinasi harmonis saking maneka unsur kesenian....