A. PANGERTOSAN CRITA CEKAK
Cerkak iku cekakan saka crita cekak. Diarani crita cekak
amarga critane pancen cekak. Ora mung marga wujude kang cerkak ( 2-5 kaca ) ,
nanging crita utawa lakon kang diandharake ya cekak. Umume wektu kang
dibutuhake kanggo moco cerkak iku mung sedhela wae
B.
MACA LAN NANGGAPI ISINE CRITA CEKAK LAN NITENI
PERANGANE
Crita cekak iku karangan utawa riptan kang sumbere
bisa saka kanyatan trus dibumboni , bisa uga murni saka kayalan utawa rekane
pangripta / pengarange wae. Sanajan mangkono , perangan-perangan kang mbangun
wutuhe crita cekak adhakane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita
iku diarani unsur instrinsik, yaiku :
1. Tema kang
nyangkup underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik.
2. Paraga (
tokoh ) lan watake paraga ( penokohan ). Tokoh lan penokohan iku geayutan karo
sapa wae kang dicritakake ing cerkak iku genep karo watake , kayat : sabar ,
wicaksana , galak , judhes , lan sapanunggale
3. Alur/plot
yaiku , yaiku gegayutan karo kepiye lakune alure lumrah/normal/maju utawa alur
mundur.
4. Point of
view , kepiya pangriptane anggone nyeritakake
5. Seting ,
kapang lan papan kedadeane crita kasebut
6. Amanat ,
wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca
C. NEMOKAKE TUNTUNAN ING TEKS CRITA CEKAK
amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pangripta/pangarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik , upamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa , tresna budaya , lan sapanunggale. Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius) , setya marang negara (patriotisme) , pendidikan , kabudayaan lan sapanunggale
D. NULIS SINOPSIS CRTIA CEKAK NGGUNAKAKE RAGAM BASA KANG
JUMBUH
Sinospsi iku ringkesan isine crita , kalebu crita
cekak. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo basa ing crita. Sing baku,
nalika nulis sinopsis paraga , watak , wose (intine) , crita ora kena bedo karo
sumbere , yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono , urutan anggone
nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Gampange rembug ,
sinopsis iku padha nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.
E.
NALITI
SINOPSIS CRITA CEKAK GEGAYUTAN KARO JUMBUHE KONTEKS LAN PRANATAN
Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha
bebarengan bijen-bijenan sinopsis garapane. Kegiyatan kaya ngene iki umume
diarani njlimeti utawa menyuting. Ing kegiatan njlimeti iki kang /disunting
bisa aksarane , rutute ukara , utawa tandha wacane. Perkara telu iku mau upamaa
ana kang keliru ya dibenerake perangan kang kurang ditambahi , lan perangan kang keladuk ya kudu
disuda. Isine crita ora perlu dibenerkake , amarga iku hake
panganggit/pengarang kang sipate merdika (bebas) mekarake gagasan. Kemrdikan sajrone
ngudhal gagasan iku , ing jagade kasusastran diarani lisensia poetika
F. TULADHANE
CRITA CEKAK
Lingkungan Resik.
Adzan subuh wis muni, lan aku langsung
tangi. Sakwise shalat subuh, aku banjur ganti klambi lan lanjut olahraga esuk.
Mau mbengi ning desaku udan deres banget, mula esuk iki udarane katon adem
nangin nentremake ati, ditambah ora ono polusi udara, nambah atiku saya bungah.
Saklawise olahraga, jam 6 esuk aku banjur
bali. Amarga dina iki dina minggu, aku lan kanca-kancaku banjur pit-pitan
ngubengi kota. Rutinitas ing kotaku saben dina minggu mesti ana dina
bebas kendaraan bermotor, namung pit lan kendaraan anti bermotor sing oleh
digunakake. Rutinitas iki nduweni tujuan kanggo ngirangi polusi udara sing iso
ndatangake penyakit.
Jam 8 esuk aku lan kanca-kancaku banjur bali.
Ora sengaja ing dalan weruh bapak-bapak lagi kerja baktu ngresiki desa, aku lan
kanca-kancaku banjur melu tetulung kerja bakti ngresiki sampah sing nyumbat
selokan. Sakliyane iku, kerja bakti dina minggu iki kaliyan nandur wit-witan
ijo, supaya ndesaku tambah katon ijo royo, ora keno banjir, lan tambah asri.
Sumber :
Gegaran
Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA
- MATUR
NUWUN -
Sangat membantu
BalasHapusmudah dipahami!!!
BalasHapusBermanfaat
BalasHapus👍
BalasHapusKeren
BalasHapusBaguss
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapusMntbbbb
BalasHapusMntbbbb
BalasHapusMantab
BalasHapus