Gamelan iku mujudake piranti musik
jawa padatan kanggo pangiring tembang. Tumrape wong urip , gamelan kena kanggo
niteni wewetekane menungsa. Karepe , bisa kanggo nodhi utawa nguji kepiye rasa
pangrasane manungsa mau nalika ngrasakake swarana gamelan. Gamelan uga bisa
diarani gangsa yaiku tetabuhan musik jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring
lagu lagu utawa tembang – tembang jawa kang umume diarani gendhing.
Ricikan utawa jeneng jeneng gamelan
iku ukara ana 15 werna , kayata:
1. bonang panerus
2. bonang barung
3. kempul lan gong
4. kenong
5. slenthem
6. gender panerus
7. gender barung
8. demung
9. saron panerus
10. saron barung 1
11. saron barung 2
12. gembang
13. kethuk lan kempyang
14. rebab
15. serta kendhang
Gamelan iku dumadi saka piranti werna – werna nanging tetep
nyawiji. Sanajan cacahe akeh nanging yen diunekake bareng bisa nuwuhake ras
kang endah jalaran dilaras kanthi premati lan ditata kanthi becik. Murih endahe
irama , larase gamelan dibedakake dadi 2 werna , yaiku laras slendro lan laras
pelog.
Laras slendro
nyakup titilaras 1, 2 , 3 , 4 , 5 , 6 , dene laras pelog isine titilaras 1 , 2
, 3 , 4 , 5 , 6 , 7 . laras slendro lan pelog kabedekake maneh jinise. Sarana knggo
mbedakake jinis uku jenenge pathet. Pathet digunakake minangka tenger kang bisa
nuduhake titilaras kang digunakake. Upama dipadhakake karo solmisasi , pathet
iku pada karo nada dasar. Patheth ing laras slendro ana pathet 5 , pathet 6 lan
pathet manyura. Dene ing pathet laras pelog ana pathet 6 lan pathet barang. Kabeh
mau nuduhake menawa sanajan wujude werna werna nanging ora ngilangi sipate kang
nyawiji.
sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA
MATUR NUWUN
MATUR NUWUN

Kerennn
BalasHapussangat bermanfaat, keren
BalasHapusπππ
BalasHapusNice
BalasHapusπππ
BalasHapusOke matur suwun π
HapusBaguss
BalasHapusSangat bermanfaat nduk , keren tenan πππ
BalasHapusKeren
BalasHapusπππ
BalasHapusGuddd
BalasHapusMaterinya sangat membantu
BalasHapusGood π
BalasHapusGood ndukπ
BalasHapusπππ
BalasHapusπππ
BalasHapusMantab
BalasHapusSangat berfaedah
BalasHapussukakkk
BalasHapusππ
BalasHapusJozz
BalasHapusππππ
BalasHapusMantap mantap
BalasHapusSngat bermanfaat
BalasHapusMatur nuwun
BalasHapusPancen ngentenπ suwun blog bermanfaat
BalasHapus