Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan
utawa dhaerah tartamtu. Saben dhaerah biasane suwe panganan sing kondhang lan
dadi ikon dhaerahe. Kayata coto lan konro ing Makasar, rendhang ing Padang, lan
sapanunggalane.
A. Maca lan
nanggepi teks
Tumpeng
Tumpeng iku
cara nyuguhake sega lan lawuh jroning wangun lucu, amarga saka kuwi banjur
diarani sega tumpeng. Oalahan sega sing dianggo umume arupa sega kuning,
senadyan karep uga digunakake sega putih biasa utawa sega uduk. Umume tumpeng
disuguhake ing tampah kang arupa nampan gedhe, bunder, saka anyaman pring.
Tampahe dilemeki godhong gedhang lan sega tumpenge dipanggonake ing tengah,
diubengi lawuh lan janganan.
B. Nemokake
nilai-nilai kang kaemot ing teks
Babagan kang
kudu digatekake yaiku :
a. Tumpeng wujude lancip kang umume saka sega kuning utawa
sega putih
b. Tumpeng biasane kanggo upacara tradhisional kang sipate
seneng utawa sedhih
c. Tumpeng minangka simbol keslametan, kesuburan, lan
kasejahteraan
d. Tumpeng kang lincip nggambarake kemakmuran sing langgeng
sarta pangarep-arep supaya urip munggah lan ndhuwur
C. Mbedhah
isine teks
Jadah
Saka jenenge
jadah manten bisa ngemu teges jajanan sing padatan didadekake barang gawan
kanggo penganten. Pancen jadah minangka barang gawan penganten kakung nalika
badhe pinanggih penganten putri. Jajanan iki didadekake barang gawan amarga
ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket kaya
sipat jajanan jadah kasebut.
Jadah uga
minangka jajanan sing kudu ana ing acara tedhak siten. Maya kang wis
dimangerteni, tedhak siten minangka wujud rasa syukur nalika putrane wis
ngancik umur pitung sasi. Gegayutan karo angka pitu kasebut mula jadah kang
dicepakake ana werna pitu yaiku : abang,, putih, ireng, kuning, biru, jingga,
lan ungu, babagan kasebut ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal
dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile nepak kapisan ing donya nganti tekan
diwasa mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa
manungsa urip kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati. Jadah pitu ditata wiwit
saka werna peteng banjur padhang, iki nggambarake menawa prekara sing bakal
dilakoni putra-putri kasebut wiwit saka prekara sing abot tumekaning prekara
sing entheng, ateges uga sanajan abot prekarane meathi bisa karampungake.
Isine teks
ing ndhuwur, yaiku :
·
jadah minangka jajanan kang padatan didadekake barang
gawan kanggo penganten
·
jadah ngemu
teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket
·
jadah uga minangka jajanan kang padatan ana ing acara
tedhak siten
·
jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang,
putih, ireng, biru, jingga, lan ungu
·
jadah werna
pitu ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra putri wiwit
sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA
MATUR NUWUN
Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA
MATUR NUWUN



Keren
BalasHapusgood
BalasHapusSanagat bermanfaat
BalasHapusGood
BalasHapus