A. PANGERTOSAN CRITA RAKYAT
Crita rakyat
yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi
ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana
ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen lan sapiturute. Tumraping
bocah bocah , crita rakyat uga bisa migunani pinangka pendhidhikan budi pekerti
, amarga budi pekerti luhur tumrap bocah bocah.
B. TITIKANE
CRITA RAKYAT
1. Panyebarane kanthi lesan,
2. Duweni sipat tradhisional,
3. Sugih cakrik lan variasi,
4. Jenenge pangriptane ora konangan (anonim yaiku crita mau
ora kaweruhan sapa sing nganggit), lan
5. Wangune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara
pangungkapane.
C. UNSUR
INTRINSIK CRITA RAKYAT
1. Tema , yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang
ndhasari lakuning crita.
2. Latar/ setting , yaiku latar belakang kang mbantu
cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan kan sosial budaya.
3. Paraga ,yaiku
paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karaktere saka
tumindake , ciri isike,lingkungane lan sapanunggale.
4. alur ( plot ) yaiku rerangkening prastawa ing sjroning
crita
5. Amanat , yaiku pesen kang ana ing crita.
6. Sudut pandang , yaiku nyritakake tokoh, barang, kan
sapanunggale.
D. WUJUDE
CRITA RAKYAT MITURUT WILLIAM R.BASCOM
1. Mitos yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan.
Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit, tuladhane crita Nyi Roro
Kidul, Nyi Lanjar, lan sapanunggale.
2. Legendha yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan,
blyasane crita mau ana petilasan arupa watu, gunung kali, lan sapanunggale.
Tuladhane crita Baru Klinthing, Kawah Sikidang , rara jonggrang , sumur
jalatundha lan sapanunggale.
3. Dongeng yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya.
Tuladhane Kancil Nyolong Timun, Keong Mas, Lutung Kasarung, lan sapanunggale.
E.
MUPANGATE CRITA RAKYAT
a. Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem , seneng uga
menehi hiburan
b. Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga
nilai-nilai kabeneran lan kaapikan kang ana ing sajroning crita
c. Mupangat estetis yaiku menehi nilai0nilai kaendahan
d. Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai nilai moral kang
dhuwur sengga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik
e. Mupangat relegiusitas yaiku ngem ajaraning agama kang bisa
didadekake tuladha kanggo para kang maca
F. SINOPSIS
Sinopsis
yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak, nanging bisa njlentrehake
crita sakabehane. Nalika bakal nulis sinopsis Bab-bab kang kudu digatekake yaiku
:
1. Tema , yaiku gagasan pokok utawa pokok cerita
2. Latar , yaiku papan kan wektu dumadine prastawa
3. Alur , lakuning crita.
4. Penokohan , paraga crita
Saka katrangan kasebut banjur bisa digawe sinopsise
G. TULADHA
CRITA RAKYAT LEGENDA RAWA PENING
Ing
Kabupaten Semarang, Kecamatan Ambarawa wonten dhusun naminipun Dhusun Ngasem.
Ing Dhusun Ngasem kacariyos wonten satunggal padhepokan ingkang kondhang.
Sedanten puthut lan endhang, sebatan damel murid jaler lan estri remen
manahipun amargi pikantuk tuladha sae saking guru ingkang gadah asma Ki Hajar
Salokantara. Ki Hajar punika kagungan budi ingkang wicaksana. Dene muridipun
ingkang ayu lan elok ingkang naminipun Ni Endhang Ariwulan.
Ing Satunggaling dinten, Ni Endhang bingung madosi peso ingkang biyasa damel nyigar pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen ing wayah dalu. Kanthi kapeksa, Ni Endhang matur dhumateng Ki Hajar supados kersa ngampili pesonipun Ki Hajar. Pesonipun wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti kedah ngatos-atos lan ampun ngantos pesonipun keselehaken ing pangkon, amargi wekdalipun nggih sampun mepet.
Nanging akhire Ni Endhang kesupen. Peso wau kaselehaken wonten pangkonipun. Sanalika niku peso ical saking dhewekipun. Tumuli Ni Endhang ngadhep dhateng Ki Hajar rumaos lepat, nanging ingkang dipunlapuri, Ki Hajar, boten duka.
Sawetawis dinten, Dhusun Ngasem geger, amarga Ni Endhang nggarbeni. Ki Hajar Salokantara tumuli dhawuh Ni Endhang banjur ngadhep. Ki Hajar Salokantara badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi piranti awujud klinthingan utawi gentha ingkang badhe migunani damel jabang bayi.
Boten dangu jabang bayi lair. Polahipun kados jabang bayi kang sanes, dheweke saged ngucap lan nangis, nanging wujudipun naga. Senajanta awujud naga, jabang bayi wau taseh tetep dipunopeni ngantos dewasa kanthi asih tresna. Warga ingkang anggenipun ngawon-awon boten telas-telas nalika sumerep naga menika.
Nalikane sampun dewasa, ing satunggaling dinten naga wau nyuwun priksa dhateng Ni Endhang Ariwulan, sinten bapakipun sejatosipun. Banjur Ni Endhang maringi priksa sejatosipun bapakipun menika Ki Hajar ingkang saweg tapa brata wonten Redi Telamaya.

Naga wau lajeng nusul ing Telamaya klawan
mbeta klinthingan. Saking katebihan Ni Endhang ngetutaken. Naga wau sampun
medal lepen ingkang dawa, banjur dheweke leren wonten ngandhap selo, samenika
dipunwastani "Selo Sisik" lan nerasaken lampah ngambah rawa, salajengipun
naga wau liwat Kaligung, banjur leren malih wonten satunggaling selo ingkang
nami "Sela Gombak".
Naga wau ngginakaken klinthinganipun. Ingkang sami sumerep lan mireng klinthinganipun naga ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthing 6 utawi Baru Klinthingan.

Saking dinten, wulan lan
taun sampun dipunlangkungi, Baru Klinthing dereng saged manggihaken
panggenanipun Ki hajar Salokantara. Malah samenika kendha boten gadhah aya.
Nanging saking katebihan mireng kidung lamat-lamat kados kidungipun Ni Endhang
Ariwulan.
Ni Endhang ngetutaken Baru Klinthing saking ketebihan, dhewekesampun manggihaken papanipun Ki Hajar Salokantara, banjur manggenipun wonten Sepakung. Ni Endhang mapan wonten cerak sendhang. Lajeng sendhang menika kasebat nami Sendhang Ari Wulana.

Naga
sampun dugi ing pertapan Telamaya, lajeng manthuk-manthuk ngormati Ki Hajar ing
sangajengipun, Ki Hajar Salokantara kaget nalikane pirsa. Ki Hajar sampun
mangertosi menawi naga ing sangajengipun kalawau naga ingkang nggadahi manah
ingkang becik. Lajeng, naga kalawau matur dhateng Ki Hajar. Ki Hajar
Salokantara saya kaget, boten nginten menawi naga kalawau saged ngucap.
Lajeng naga nyuwun pirsa Ki Hajar, menapa leres menika pertapanipun Ki Hajar Salokantara, dhusun Telamaya. Ki hajar tumuli ngleresaken. Baru Klinthing ngraosaken bingah. Baru Klnthing lajeng matur menawi Ki hajar Salokantara punika tiyang sepuhipun ingkang sampun dangu sanget dipunpadosi. Boten kesupen dheweke lajeng sujud maring Ki Hajar. Nanging Ki Hajar dereng pitados saestu, pramila lajeng Baru Klinthing dipunparingi pitakenan, saking pundi papan dumuginipun lan sinten ibunipun. Baru Klinthing mangsuli menawi papan dumuginipun saking Dhusun Ngasem lan ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan, Boten kesupen Baru Klinthing tumuli nedahaken klinthingan tilaranipun saking Ki hajar Salokantara.
Ki Hajar Salokantara dhawuh menawi klinthinganipun menika dereng cekap, amargi ing donya boten wonten ingkang gampil, nanging kedah wonten panebusanipu lan kedah wonten lelabetan. Supados saged Baru Klinthing dipunanggep putranipun Ki hajar Salokantara, dhewekipun kedah nglampahi laku tarak brata. Laku tarak brata nggih punika mlungkeri Gunung Kendhil ngantos tepung galang. Ki hajar ngetutaken saking wingking tanpa dipun mangertosi Baru Klinthing. Lajeng Baru klinthing mlungkeri Gunung Kendhil, nanging buntut lan sirahipun boten tempuk, namung kirang sakilan. Nanging pungkasanipun Baru Klinthing nyambung ngangge ilatipun. Lajeng Ki Hajar medal mlumpat banjur mungkes ilatipun Baru Klinthing.
Senajan Baru Klinthing kelaran sanget, nanging lajeng lerem manahipun. Ki Hajar Salokantara maringi priksa menawi kekirangan kalawau boten saged dipuntutupi ngangge ilat, amargi pusaka ingkang ampuh boten wonten tandhingipun menika ilat. "Ilat iku jembare mung sawelat, nanging darbe khasiyat. Nalika pinuju-nuju prana, bisa amemikat, nalika tan pener, bisa gawe getering jagad", pratelane Ki hajar Salokantara.
Lajeng Baru Klinthing nerasaken tarak brata lan pusaka ingkang awujud tombak Kyai Baru Klinthing 7 kedamel saking ilatipun Baru Klinthing.
Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun Baru Klinthing ingkang mlukeri redi sampun boten ketingal. Ingkang ketingal namung suket lan wit-witan ingkang ageng ing wana. Ki Hajar lajeng manggihi Ni Endhang, maringi priksa supados Ni Endhang mapakaken putranipun Baru Klinthing ing Dhusun Pathok menika kanthi laku ngrame.Pathok dhusun ingkang gemah ripah loh jinawi, nanging warganipun boten gadhah raos syukur.
Wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken pista panen raya. Salah satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge campuran susur, anggenipun mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng sanget. Jebul kajeng wau badanipun naga ingkang nama Baru Klinthing. TAMAT

Sumber :
Gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas XI/SMA/SMK/MA
-
MATUR NUWUN
-

Keren
BalasHapusKeren
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusnice
BalasHapusSngt bermanfaat materinya 😊
BalasHapus👌👌
BalasHapusSangat bermanfaat
BalasHapusMntabbb
BalasHapusMntabbb
BalasHapusGudd
BalasHapus